Jumat, 14 Oktober 2011

PRABU NAHUSA part.2

Ing sawijining dina prabu Nahusa prisa Bathari saci, pameswarine Bhatara Indra. Ndulu sulistyaning warnane sang Bathari, Prabu Nahusa kegiwang panggalihe. Kagawa saka bangeting kasmarane marang Bathari saci, Prabu Nahusa nganti kawiyos pangandikane mangkene : “Bathari saci punika rak prameswarinipun Bathara indra. Batahara saci inggih dados wenang kula. Sahrene kula inkang nguwaosi kaindran, nggentosi kalenggahanipun Bathara Indra, Bathari saci inggih lajeng dados wewenang kula. Awit saking punika, heh para Dewa, Bethari saci jengandika timbali kadhawuhan marak ing ngarsa kula sapunika ugi.”
Pangandikane Prabu Nahusa kang mangkono mau kepireng lamat lamat dening Bathara saci. Kanti pengalih geter , sang Bathari nuli lumayu menyang papan padunungane Maharsi Wrehaspati, nyuwun pangayoman. Maharsi Wrehaspati iku minangka paran parane Bathara Indra, lan uga dadi gurune para Dewa.
“Dhuh Sang Maharsi. Mugi wontena kapareng paduka tansah paring panganyoman dhateng kula, sampun ngantos kula dipun cecamah jinamah dening prabu Nahusa. Kersaa paduka ngendikani dhateng prabu Nahusa bilih kula punika dereng dados randa, lan kasetyan kula dhateng Bathara Indra sakelangkung ageng, ngetepi patibrata. Setya kula dhateng Batahara Indra boten bade saget luntur ing salami-laminipun,”mangkono ngendikane Dewi saci marang Maharsi Wrehaspati.
Maharsi Wrehaspati : “Manahwi kepareng atur pamrayogi, padhuka sampun kagungan panggalih ajrih dhateng Prabu Nahusa, Jer piyambakipun punika bebasan namung sapanginang anggenipun nguwaosi kaindran. Boten dangu malih Bathara Indra tamtu badhe kondur.” Pangandikane Maharsi Wrehaspati kandheg, amarga kesaru tekane para dewa kang ingustus Prabu Nahusa nimbali Batahari saci. Lakune ora oleh gawe, jalaran digondeli dening Maharsi Wrehaspati. Para dewa nuli bali menyang ngarsane Prabu Nahusa, ngaturake asile dinuta. Prabu Nahusa : heh para Dewa, kanthi pawadan punapa kemawon anggenipun Maharsi Wrehaspati nggondheli Bathari saci. Punapa anggen kula kepengin andarbeni Bathari saci punika nama murang krama.”
Naskah : Ki Nayantaka
Dikutip : Panjebar semangat

Tidak ada komentar:

Posting Komentar