Minggu, 09 Oktober 2011

PRABU NAHUSA part.1


Prabu nahusa narendra apengawak prabata setengah ditya gung aluhur, gagah prakosa, prawira sembada. Prabu nahusa sekti mandra guna jayeg ngalaga, mula banjur minangka agul-aguling para dewa. Nalika semana yen sawayah-wayah ana parangmuka kang nekani kahyangan kaindran, Prabu Nahusa kang dadi senopatine. Nanging wektu iku Bathara Indra lagi nandhang gerah bingung, jalaran sapatine Asura wreta rumangsa luput, jalaran Bathara indra wis nindakake Brahmana hatya. Yaiku Mrajaya asura wreta, mitrane sinara wedi. Dadi Bathara indra nandhang dosa rong prakara. Kang sepisan mrajaya Brahmana trisah, kapindo mrajaya Brahmana mitrane dhewe yaiku Asura wreta . Jalaran giris miris marang wohing panggawe ala rong prakara kang mentas ditindakak, Bathara indra tansah goreh-rongeh, ora jenak panggalihe, mulane benjur oncat saka Kaindran tanpa ana dewa kang priksa. Ing saoncade Bathara indra, kahanan ing marcapada rusak, jalaran ketiga ngerak, ora tau ana udan, jagad ngalami ketiga dawa tanpa wasana. Tetuwuhan padha garing, manungsa lan sato kewan akeh kang mati. Wong wong kang isih urip padha nggresah, jalaran larang sandhang pangan. Ing kaindran, para bathara bathari, haspara haspari uga nggresah susah, rumangsa ora darbe pangayoman. Awit saka iku para dewa banjur nganakake parepatan, nggunem sapa kang pantes gumanti, lan kang prayoga jinunjung dadi ratu ana ing kayangan kaindran. Pepuntoning rembug para dewa padha saiyeg saeka kapti njumenengake Prabu Nahusa minangka gegantine Bathara indra. Ing sakawit Prabu Nahusa ora kersa ngratoni para Dewa. Ngendikane: ‘’Dhuh para Dewa sadya, kula mboten kadugi ngratoni Kaindran, jalaran kula boten darbe kalangkungan kados Bathara indra.’’ Para Dewa: ‘’Manawi paduka lenggana ngratoni para Dewa, gek lajeng sinten ingkang mungguh nggentosi kaleggahanipun Bathara indra. Para Dewa sampun sami golong giling milih paduka minangka pngayoman. Manawi wonten ruwet rentenging kawontanan ing Kaindran, temu para dewa badhe asung pambiyantu dhateng paduka. Mila sumangga nindakaken darma, mangun suka dhateng taman nandana, utawi dhateng redi redi utawi dhateng wana wana dipun dherekaken para Dewa ingkang dipun pangarsani dening Bathara Naradda.’’
Amarga saka banget panggubel lan panggujege para Dewa, wasana Prabu Nahusa kersa jumeneng ratu ing kaindran, angratoni para dewa. Ing sakewit Prabu Nahusa becik anget olehe mranata lan rumeksa tata tentreming kaswargan, nganti nampa pangalembana saka para dewa. Tindake adil ora tau mikolehake diri pribadine. Nanging suwe-suwe panggalihe Prabu Nahusa ketuwuhan rasa angkara murka, saya lawas saya ngambra-ambra tumindak ing sakarsa karsa, mburu senenge dhewe. Para dewa kang cacahe mayuta-yuta ora dipaelu, mung pijer ngopeni senenge dhewe. Panggalihe Prabu Nahusa kebekan watak pumpung. Mumpung kuwasa, mumpung bisa tumindak sakarsa karsa, mumpung diwedeni dening para Dewa.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar